“Mbakyu nguleg sambel trasi.”
“Tanggaku lagi ndhudhuk sumur.”


Apa bocah-bocah nate krungu istilah salah kaprah? Ukara sing salah nanging wis dianggep lumrah utawa umum. Ukara ing ndhuwur mau tuladhané ukara sing jan-jané salah nanging dianggep lumrah. Ing basa Jawa diarani RURABASA.
Rurabasa dumadi saka tembung ‘rura’ lan ‘basa’. Rura tegese rusak utawa luput. Dadi, rurabasa yaiku basa kang luput utawa salah nanging dianggep lumrah ana ing padinan, amarga ora bisa dibeneraké maneh. Yen meksa dibeneraké malah dadi basa kang ora lumrah.
Umpama, tembung nguleg sambel iku jan-jane ora bener. Sing bener yaiku nguleg lombok, bawang, uyah, trasi, lan sakpiturute supaya dadi sambel. Nanging yen dibenerake kaya ukara sing keri malah dadi aneh lan bakal digeguyu wong akeh.
Terus, kepriye penjelasane ukara kang nomer loro? Tembung ndhudhuk sumur iki jan-jane ya ora pas, sing bener yaiku ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur.
Yuk… saiki digatekke tuladha rurabasa liyané ing ngisor iki :
Adang sega, tegesé adang beras supaya dadi sega.
Dheplok jamu, tegesé dheplok empon-empon supaya dadi jamu.
Menek klapa, tegesé menek wit klapa arep methik klapané.
Mbakar sate, tegesé mbakar daging supaya dadi sate.
Nggodhok wedang, tegesé nggodhok banyu yen wis umob utawa mateng digawe wedang.
Ngethok gedhang, tegesé ngethok wit gedhang arep dijupuk gedhangé.
Nyangking banyu, tegesé nyangking ember isi banyu.
Mikul dhawet, tegesé mikul angkring isi wadhah dhawet.
Mbunteli tempe, tegese mbunteli dhele godhog kang wis dirageni supaya dadi tempe.
Nggoreng peyek, tegese goreng adonan gurih sing isine kacang, dele, utawa teri.
Nunggu manuk, tegese nunggu pari ing sawah supaya ora dipangani manuk.
Nunggu geni, tegese nunggu kayu supaya genine ora mati.
Mangan awan, tegese mangan sega ing wayah awan.
Penulis : Muntiasih, S.Pd